Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Pidato Bahasa Jawa Krama Tentang Lingkungan


Pidato Bahasa Jawa Krama Tentang Lingkungan

pidato bahsa jawa bertema menjaga kebersihan lingkungan kelas menggunakan bahasa jawa krama alus (bahasa jawa yang halus)

1. pidato bahsa jawa bertema menjaga kebersihan lingkungan kelas menggunakan bahasa jawa krama alus (bahasa jawa yang halus)


Assalamualaikum wr. Wb.

Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.
Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.
Ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kaula tresnani.
Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun sahingga kita sadaya taksih saged kempal ing acara punika kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo. Sholawat saha salam senantiasa kita haturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad S.A.W. ingkang kita tengga-tengga syafaatipun benjang ing dinten akhir,. kanthi ucapan Allahhumma sholli ala syaidina muhammad wa ala ali syaidina muhammad ,
kula jumeneng ten ngriki ajeng medaraken babagan Karesikan lingkungan. karesikan lingkungan wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. Kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang kita sedaya, sahingga kita kedah nguri-nguri lingkungan niki supaya dados pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera. njagi karesikan lingkungan punika salah sijining upaya ingkang utama kangge nyegah aneka penyakit.
Selaku kita warga sekolah, karesikan lingkungan saget kita tumrapaken ing lingkungan sekolah ingkang kita tresnani puniko. Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik kita ugi ingkang angsal dampak positifipun inggih punika KBM dados aman lan nyaman. Karesikan lingkungan sekolah saget ditindakaken kanthi cara buwang larahan/sampah ing panggenan ingkang sampon disediaken, numindakaken piket kelas kanthi teratur.
Cekap Semanten atur kaula, mbok bilih wonten kekurangan ugi kekhilafanipun kaula nyuwun agunging samudro pangapunten.

Wassalamualaikum wr. wb

2. pidato bahsa jawa bertema menjaga kebersihan lingkungan kelas menggunakan bahasa jawa krama alus (bahasa jawa yang halus)


Gawea Pidato Bahasa Jawa tema Jaga Karesikan Lingkungan Kelas. Jawaban Pendahuluan

            Sesorah utawa Pidato yaiku nglairaken gagasan, pemanggih, utawi osiking manah sarana lesan ing sangajenging tiyang kathah, kanthi tujuwan tartamtu.

Pembahasan

              Ing ngisor iki, salah sawijining tuladha sesorah tema njagi karesikan kelas.

Bismillahirrahmanirrahim, Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ingkang kawula kurmati Bapak/Ibu guru Basa Jawi.

Ingkang kawula tresnani para rencang kelas kula.

             Ingkang kapisan lan ingkang paling utama, mangga kita sesarengan aturaken puja lan puji syukur marang Gusti Allah SWT, amargi sampun ngunjukaken kanikmatan lan kaberkahanipun kangge kita piyambak sahingga kita saged sesarengan makempal ing panggon puniki ingkang InsyaAllah dimuliakaken kalih Gusti Allah SWT. Aamiin.

             Bapak guru lan rencang-rencang ingkang kawula kurmati. Lingkungan menika salah sawijining unsur ingkang penting  kangge proses ngangsu kawruh ing sekolah. Menawa lingkungan katon resik, mila proses ngangsu kawruh saged dumados sekeca , lan siswa-siswi atine dumados bungah, sahingga kawruh ingkang dikantosaken saged diterima kaliyan siswa/i kanthi becik lan jelas.

            Mula, sampun kedahipun saben komponen sekolah saged njagi karesikan lingkungan sekolah. Sedaya puniki diwiwiti saking salira piyambak, minimal mboten bucal uwuh sak senengipun piyambak, lan ngawiwiti peduli marang lingkungan sekitar menawa wonten uwuh ingkang kacecer.

             Cekap semanten ingkang saged kawula aturaken, kula namung pesen satunggal, mangga kangge kula lan rencang-rencang sedaya peduli marang lingkungan sekitar utamane lingkungan kelas. Mugi-mugi sesorah kula saged bermanfaat kangge kita piyambak, aamiin. Kirang langkungipun kulo nyuwun pangapunten ingkang katah, Wassalamualaikum Wr.Wb.

Kesimpulan

           Pidato yang bertemakan menjaga kebersihan kelas di atas sudah kakak buat menggunakan bahasa jawa krama lugu, sebagian ada yang menggunakan bahasa krama alus, sebagian ada yang menggunakan jawa ngoko.

Pelajari Lebih Lanjut : Conto Pembukaan Pidato Bahasa Jawa, waca ing https://brainly.co.id/tugas/658015  Conto Sesorah Pidato Basa Jawa Tema Pendidikan , waca ing https://brainly.co.id/tugas/15312683  Tuladha penutup sesorah, waca ing https://brainly.co.id/tugas/6334916  

Detail Jawaban

Kelas             : XI

Kategori         : Sesorah Basa Jawi.

Kode              : -

Kata Kunci     : Contoh Pidato Bahasa Jawa, Sesorah Basa Jawa, Tema Pendidikan.


3. Contoh pidato bahasa jawa krama


Jawaban:

sek kan konco konco saya pen balek iku uwis ngeledek enyong gubrak karma sama


4. buatlah pidato bahasa Jawa menggunakan basa krama​


Jawaban:

maaf kalau salah ya dan semoga membantu


5. buatkan pidato bahasa jawa krama yaa


Assalamu’alaikum Wr. Wb. Pangarsaning Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga Kabupaten Makassar ingkang dhahat kinurmatan Ingkang kinurmatan Pangarsaning SMA Negeri Kalang Kabut Ingkang kula hurmati Bapak/Ibu Guru SMA Negeri Kalang Kabut Ingkang kula hurmati para tamu undangan Lan para siswa SMA Negeri Kalang Kabut ingkang kula tresnani Mangga kula aturaken raos puja dalah puji syukur dhumateng Gusti Ingakng Maha Kuwaos bilih saking rahmat lan hidayahipun kita saged makempal wonten papan punika kagem nglaksanakaken peresmian Gedung Olah Raga SMA Negeri  Kalang Kabut. Salawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang sampun beta kita saking Zaman Jahiliyah kanthi Zaman Islamiyah. Kula ngaturaken matur nuwun dhumateng juru pranata acara ingkang sampun paring wekdal dhumateng kula kagem tanggap wacana ing papan punika. Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, Majengipun donya olahraga ing donya punika mesthi dibarengi kalian fasilitas, uga sarana prasarana ingkang madai. Menawi para atlet anggadhahi kemampuan ingkang sae ananging sarananipun boten ndhukung nggih sami mawon. Bilih saking punika kula ngaturaken matur nuwun dhumateng pamborong kaliyan sedaya pihak ingkang sampun biyantu jumenengipun Gedung Olahraga punika, saking materiil lan immaterial. Saking papan punika kita saged mirsani gedung olahraga ingkang agenngipun udakara 200 x 200 meter. Kula nggadhahi pangajab-ajab bilih gedhung punika saged nglairaken para atlet professional ingkang anggadhahi prestasi wonten ing kabupaten, provinsi, nasional, uga internasional. Amin. Lan menawi wonten fasilitasipun, biayanipun inggih sampun wonten, sarana prasarananipun lengkap, ananging para atletipun sami nglokro lan mboten rajin olehipun gladden inggih sami mawon. Bilih saking punika, kula ngajab-ajab dhumateng sedaya warga SMA Negeri Kalang Kabut ingkang sampun saged ngasilaken atlet OSN inggih punika 6 siswa, ing mbajeng saking nglolosaken siswa-siswa panyarta O2SN ing nasional uga. Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,             Saking jumenengipun gedung olahraga punika kita saged narik dudutan menawi kita kedah manfaataken fasilitas punika kanthi sae inggih punika manfaatakenipun kanthi gladhen kang rajin lan ngrawat gedhung iki kanthi sae satemah saged ngasilaken para atlet ingkang professional. Cekap semanten atur kula, menawi wonten klenta-klentunipun atur kula nuwun gunging samodra pangkasami. Wabilahitaufik wal hidayah Wassalamu’alaikum Wr. Wb.



6. buatlah 2 pidato bahasa jawa dalam bahasa krama


1)Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.

Dhumateng Bapak Kepala Sekolah

Dhumateng Bapak lan Ibu guru

Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani

Hadirin ingkang kulo tresnani

Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang  Gusti allah SWT amargi sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanti sehat wal afiat.

Hadirin ingkang kulo tresnani

Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi panggenan kangge kita sedaya nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi meniko kita sedaya kudu njaga lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes kerugian utawi bencana kangge kita.

Hadirin ingkang kulo tresnani

Salah sasawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita yakuwi njaga kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese yakuwi lingkungan kang layak kanggge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged terjaga amarginipun menika kita sedaya kudu njaga kebersihan lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang layang lan sejahtera.

Hadirin ingkang kulo tresnani

Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit ingkang ngintai ing musim udan kayak saniki. Njaga kebersihan lingkungan saged diwiwiti saking ngresiki sekolah kita tresnani, SMK Negeri 1 Brebes menawi sekolah kita resik tiang sanesipun mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik kita sedaya. Kangge ngresiki sekolah kita iki. Dampak positif yakuwi kagiyatan belajar mengajar dados nyaman amargi lingkungane resik.

Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok 
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

2) Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

Poro bapak, ibu lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati. Ing dalem dinten ingkang berbahagiya niki monggo kulo lan pan-jenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun sehinggo wakdal niki kito sedoyo saget kempal wonten meriki panggenan kaperlu ngengeti dinten pendidikan Nasional ingkang tepatipun tanggai kaping kalih saking wulan Mei tahun ;…….

Perlu sanget kito sedoyo sumerapi mbok beleh pemerintah Indonesia ing dalem kitab UUD 1945 sampun dipun programaken wajib belajar dumateng warga negarinipun milahi umur pitung tahun. Kito ugi sumerap ing dalem agami kito Islam ingkang sampun lami ngantos pinten-pinten abad niku, wakdal nabi saw. taksih gesang sampun mrogramaken utawi anjuraken wajib belajar dumateng umatipun niku sedoyo maksudipun supados umat beliau dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan lan ugi supados dados umat beliau saw. ingkang boten bodoh. Masalah niki kados pengendakane nabi saw. ing dalem hadits riwayat Ibnu Abdil Baar ingkang artosipun :

“Nggoleko ilmu iku senajan ona negari Chino. Saktemene nggolek ilmu iku dipun wajibno ingatasi saben-saben wong Islam. Lan saktemene malaikat iku bakal ngerendahno sayape marang wong sing nggolek ilmu sebab repote marang pengga-wean iku.”

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.

Lan kelawan ngengeti dinten pendidikan Nasional niki monggo kulo lan panjenengan sedoyo ningkataken malih anggenipun kito ing dalem mados ilmu, nopo niku arupi ilmu agami utawi arupi ilmu pengetahuan umum. Ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan gesang ing dunyo kemawon lan wonten ilmu ingkang wonten hubungane kaliyan akhirat.

Semanten ugi kito sumerap bentenipun kaliyan tiyang ingkang nggadahi kaliyan boten nggadah ilmu. Lan mugiyo amal lan ngabekti kulo lan panjenengan sedoyo dipun terami Allah swt. Amiin yaa Rabbal Aalamiin. Akhirul Kalaam.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.





7. pidato bahasa jawa menggunakan bahasa krama alus


Jawaban:

Contoh Pidato Bahasa Jawa Lingkungan Sekolah:Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatu Dumateng bapak kepala sekolah Dumateng bapak kaliyan ibu guru sekolah ingkang kula hurmati Lan dhumateng sedaya kanca ingkang kula tresnani ingkang kula hurmati Hadirin ingkang kulo tresnani lan kula hurmati Monggo kita bebarengan majukaken puja lan puji syukur kita sedoyo dumateng gusti Allah SWT amargi sampun pinaringan berkah lan karunia dumateng kita sedaya. Saengga kita sedaya saged makempal kanthi sehat lan afiat teng mriki. Hadirin ingkang kulo hormati Kaping sepindhah kita sedaya perlu bahan utawi panggenan. Amargi lingkungan utawi panggenan menika papan kangge nggantungaken urip kito sedaya. Amargi menika kita sedaya kedah njaga lingkungan ingkang sae – sae, supados bumi keuntungan kagem kita sedaya agem. Hadirin ingkang kula hormati. Babakan kebersihan lingkungan yaiku salah sepindah cara kang apik kanthi kito sedoyo nyegah penyakit – penyakit ingkang ngintai rikala musim udan, supados kita sedaya sehat. Cekap semanten ingkang saget kula aturaken ing pidato niki, umpami wonten klenta klentunipun kula nyuwun pangapunten. Wassalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh.

Sumber : @cheagthaa_

Penjelasan:

follow akunya:)


8. contoh pidato bahasa jawa krama alus tentang kemerdekaan


Assalamualaikum Wr. Wb.

 

Ingkang kinurmatan bapak RT 01 RW 04. Bapak-Bapak , ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha mudha ingkang kula tresnani.

 

Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngasanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal wonten acara punika tansah sehat wal’afiat.

 

Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan kamardhikaan Indonesia ingkang kaping sewidak pitu.

 

Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan, kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan. Para pemimpin bangsa punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan Indonesia lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila wonten Pancasila.

 

Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu tirakatan, sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia saklajenipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka.

 

Bapak-ibu, sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang katandur ing manah.

 

Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten.

 

Wassalamualaikum Wr. Wb.


9. pidato tentang Corona dalam bahasa Jawa krama​


virus corona

Assalamualaikum wr.wb

dumateng para warga indonesia para sesepuh pini sepuh ingkang kawulo hormati

sesarengan kawontenan ing wulan/tahun punika

nembe regeng-regeng mpon penyebaran virus corona ingkang sangat menangani pramika sumangga kita sesarengan hamengku yang ngelawan kanthi cara jagi kesehatan lan kebersihan saha sampun ngantos nggrombol.Langkung sangking gangsal tiyang utawi jaga jarak tansah wijek mawi sabun ngagem toya ingkang mili.

menawi saged ugi ngagem masker kita tansah nggatotsa-sakken utawi mirengaken progamnipun pemerintah amrih saged ngantos kesupen mangga kita sareng-sareng donga mugi-mugi kita sedaya saged uwal saking kawonten alam ingkang bebayane inggih punika corona kanthi punika kula tansah derek donga mugi-mugi bangsa/negeri kita dipun ayami kalian gusti ingkang maha kuwasa


10. pidato bahasa jawa tentang tata krama siswa


Assalamualaikum wr.wb
Ingkang kinabekten Bapak Kepala Sekolah. Bapak saha
Ibu guru ingkang kinurmatan. Rencang-rencang
ingkang kula tresnani. Sumangga tansah muji syukur
dhumateng Gusti ingkang Maha Wikan ingkang sampun
paring kanugrahan arupi kawilujengan, rahmat tuwin
hidayahnipun, pramila saged rawuh wonten ing papan
menika.
Setunggal Kula badhe matur babagan kabudayan Jawi.
Supados sampun ingkang sami-sami mangertos kathah
sanget para wredha mudha mboten pinyambak menika
kabudayan Jawi. Kabudayan Jawi menika kathah
sanget ingkang sami purun nguri-uri supados
mangertos sedaya para wredha mudha mboten remen
kabudayan Jawi lan remen sanget kebudayan saking
kulon utawi mancanegara ingkang mboten sami kaliyan
kabudayan Jawi mboten sumbut tata krama Jawi
nanging kabudayan kulon maringi kelakuan ala.
Kapindho Kula maringi pangertosan marang
panjenengan sedaya ingkang saged supados mengertos
kabudayan Jawi. Saderengipun nepangaken marang
tiyang-tiyang kedah kula panjenengan sedaya rumiyen
sinau utawi gladi babagan kabudayan Jawi,
migunakake produk khas Jawi, asring migunakake basa
Jawi ing padinan, nerapaken basa Jawi lan tata krama
awit alit ingkang kathah sanget. Ingkang sampun, kula
pamjenengan nepangaken tumprap masyarakat Jawi,
Indonesia lan ugi mamcanegara kanthi sarana
pagelaran utawi pameran kagem nguri-uri kabudayan
Jawi.
Sementen riyen saking Kula. Kula minangka nyuwun
pangapunten awit saestu mawantu kalepataning atur,
pramila Kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Wassalamuaikum wr.wb

11. Tolong yang bisa bahasa jawa halus (krama alus) buatin pidato tentang masa pangenalan lingkungan sekolah


Jawaban:

Bocah-bocah sing aku ngurmati lan njaga murid sing aku hormati, Sampeyan wis sukses nguji lawang menyang sekolah, saiki aku minangka kepala sekolah bakal ngenalake lingkungan sekolah menyang sampeyan sabanjure Kiwa Kangge Ana kelas 1 Ing sisih tengenku, wiwit kelas 1 nganti tekan kelas 6 Ing sandhing aku yaiku kantin

Penjelasan:

Nyuwun pangapunten yen ora ngomong Krama alus

Aku isih sinau

_______________________

Mohon maap Kalo g ngomong bahasa Krama alus

Saya masih belajar


12. apa bahasa jawa ngoko dan krama"hal-hal yang harus diperhatikan saat berpidato "​


Jawaban:

Babagan hang kudu di gatekake wayah pidato


13.  pidato yang berisi persuasi dalam bahasa jawa krama


Sebetulnya kan isinya sama dengan pidato bahasa Indonesia. Di LKS Bahasa Jawa biasanya ada. :)

14. pidato bahasa jawa yang bertema covid-19 memakai bahasa jawa krama​


Jawaban:

sampeyan lagi wae ing omah kanggo njaga kesehatan awak.panganan sing ngemot vitamin-nilai dhuwur

Penjelasan:

semoga bermanfaat ya


15. contoh pidato bahasa jawa tentang tata krama


Assalamualaikum wr.wb
Ingkang kinabekten Bapak Kepala Sekolah. Bapak saha
Ibu guru ingkang kinurmatan. Rencang-rencang
ingkang kula tresnani. Sumangga tansah muji syukur
dhumateng Gusti ingkang Maha Wikan ingkang sampun
paring kanugrahan arupi kawilujengan, rahmat tuwin
hidayahnipun, pramila saged rawuh wonten ing papan
menika.
Setunggal Kula badhe matur babagan kabudayan Jawi.
Supados sampun ingkang sami-sami mangertos kathah
sanget para wredha mudha mboten pinyambak menika
kabudayan Jawi. Kabudayan Jawi menika kathah
sanget ingkang sami purun nguri-uri supados
mangertos sedaya para wredha mudha mboten remen
kabudayan Jawi lan remen sanget kebudayan saking
kulon utawi mancanegara ingkang mboten sami kaliyan
kabudayan Jawi mboten sumbut tata krama Jawi
nanging kabudayan kulon maringi kelakuan ala.
Kapindho Kula maringi pangertosan marang
panjenengan sedaya ingkang saged supados mengertos
kabudayan Jawi. Saderengipun nepangaken marang
tiyang-tiyang kedah kula panjenengan sedaya rumiyen
sinau utawi gladi babagan kabudayan Jawi,
migunakake produk khas Jawi, asring migunakake basa
Jawi ing padinan, nerapaken basa Jawi lan tata krama
awit alit ingkang kathah sanget. Ingkang sampun, kula
pamjenengan nepangaken tumprap masyarakat Jawi,
Indonesia lan ugi mamcanegara kanthi sarana
pagelaran utawi pameran kagem nguri-uri kabudayan
Jawi.
Sementen riyen saking Kula. Kula minangka nyuwun
pangapunten awit saestu mawantu kalepataning atur,
pramila Kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Wassalamuaikum wr.wbAssalamu’alaikum Wr. Wb. Nuwun. para pinisepuh ingkang kmabekten. Bapak-bapak, Ibu-ibu saha sadherek-sadherek sedaya ingkang dahat kinurmatan. Sederengipun kula nyuwun pangapunten ingkang agung, awit kula jumeneng wonten ngarsanipun panjenengan Sami. mboten nami ngirangi tata trapsila, ananging ngengeti kawontenan ingkang mekaten. Kula nun, keparenga sumela atur nggempil kamardikan panjenengan sekalian kalaipun saweg sekeco wawan pangandika. Kula ingkang kajibah dados tetalanging tanggap wacana kalilanana kula matur ing ngarsanipun para rawuh kakung sumawana putri, bilih saking kaparengipun Bapak…………. sekaliyan kula tinanggenah nglairaken raos pengaos ingkang mijil saking telenging manah. Ingkang dingin Bapak …………. sekaliyan ngaturaken puji syukur dumateng ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung, dene saged kaleksanan angajangi pahargyan pawiwahan sepekenan putranipun/ptra putrinipun ingkang angka……..Kaping kalihipun Bapak………… sekaliyan mboten keupen ngaturaken pambagyasegeng rawuh dumateng para tamu kakung sumwana putri. Bapak……….. sekaliyan ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan. Dene panjenengan sami sampun kepareng nglonggaraken wekdal sowan ing pahargyan punika kanthi lega-legawaning manah. Bapak ………… sekaliyan rumaos karoban ing sih sutresna ingkang sakalangkung ndadosaken bombong bebeg bingahing manah. Kajawi saking punika Bapak……………… sekaliyan ngaturaken sewu gunging panuwun ingkang tanpa upami tumrap sadaya ingkang sampun paring sumbangsih kadarman arupi punapa: bau – suku, rigen pratikel saha pisungsung ingkang maneka warni, ingkang tundhonipun damel ngengreng saha regenging pasamuan sarta cekaping kaperluan punika. Ingkang mekaten kalawan mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Agung paring piwales ingkang skalang-kung cekap. Wandene ingkang dados hajad-ujubing ing pasamuan punika, syukuran sepekenan bayi awit Rikala dinten……..tanggai……… wulan…….. tahun………utawi surya kaping………tahun………Bapak saha Ibu…………angsal kanugrahaning Pngeran pikantuk putra ingkang mijil…………. wonten ing ……………… kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa. Awit saking berkahing Pangeran ingkang Maha Agung sarta saking berkah pangestu panjenengan sadaya, ingkang ibu tuwin jabang bayi tansah wilujeng nir ing sambekala sumrambah sagung para rawuh. Putra/putri ingkang angka…………….. punika dening Bapak ……………..sekaliyan dipun paringi tetenger………….Kajawi saking punika tambahing puja-puji pangastuti, mugi-mugi putra ingkang nembe mijil punika pinaringan berkah pangestuning Pangeran, mugi-mugi sageda murakapi dumateng tiyang sepuhipun, saged mikul duwur mendhem jero. Saged migunani dhateng masyarakat bebrayan, murakabi tumrap pembangunan, nusa, bangsa saha agami. Ugi sageda dados pandekaring bangsa. Tumapaking pawiwahan punika saderengipun sampun karantam tharik-tharik, ewondene taksih kathah tuna dungkaping tumindak. Langkung-langkung tumrap atur pamboja krama sarta kiranging pangrengkuh anggenipun mapanaken, kajarag wontenipun papan saha kirang trepsilanipun anggenipun mapanaken. Pramila ingkang makaten wan Bapak………………sekaliyan mboten saged matur sanes kajawi muhung nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama. Wasana minangka tutuping atur, mbok menawi wonten thi-thaling rembag saha kirang trepsilaning anggen kula matur awit kirange seserepan kula, saha kirang titi tata pratitising atur tetemba-ngan, kersaa para rawuh anglunturaken samodra pangaksama. Akhirul kalam, bilahit taufik wal hidayah, Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Video Terkait


Posting Komentar untuk "Pidato Bahasa Jawa Krama Tentang Lingkungan"